KASETYAN LANGGENG
(Kasetyanipun Dewi Satyawati saha Nyai Sugandhini
dhumateng Prabu Salya)
Dewi
Satyawati asma timuripun Dewi Pujawati
Prabu Salya
asma timuripun R. Narasoma
Kacariyos
malih sang prameswari Mandraka ingkang kepati nendra. Kusuma dewi Satyawati
ingkang katilapaken ing raka Nata nedhengipun kepati nendra dupi wungu kantun
anggono, kumelaping penggalih sang putri, yayah pinecat yitmanipun. Bawanipun
putri wredha siwine brahmana gentur tapa, sanadyan kebyukan duhkita
matumpa-tumpa, sang putri meksa widagdameper rengating driya. Ewa dene saking
awrating panandhang ingkang ginibeng sumuking tyas tikbra meksa kongas ing
wadana sumung-sumung yayah sinecang. Liwunging rudatos sebab dhatenging bebeya
pinten-pinten ingkang boten kenging sinimpangan, kusuma dewi Satyawati malah
ajeng anggelengaken tekad ingkang kedah tinempuh. Mila sanadyan boten pepayon
dhateng sanggyaning emban cethi parekan, sang dewi lajeng cecawis upakartining
karya amrih sampad purnaning lampah.
Emban
Sugyandini ingkang setya ing Gusti, sanadyan mboten winedharan, ewa dene saged
ndungkap gegebenganing karsa sang prameswari. Saking genging tresna ing Gusti,
ciptaning manah nyai Sugandhi namung nedya labuh sabaya pati. Sang Prameswari
uga tanggap dhateng greget osikipun abdi kinasih nyai Sugandini. Mila sanadyan kanthi sinamar, sang
prameswari ugi lajeng kersa medharaken gelenging karsa. Pangandikanipun : “
Biyung emban ! Sapungkure ingkang sinuwun mangkat perang madeg Senopati ngalaga,
kejaba wus ngira apa kang bakal tinemu, kiraku, biyung emban uga wus nduga laku
endi kang dak tindakake.
Aturipun
Sugandini : inggih-inggih Gusti! Sakadaring manah cubluk, kilap leres
lepatipun, kula meka kedah-kedah ndherek ngraosaken. Namung kemawon, inggih
sirik lamun ngrumiyinana karsaning Gusti. Mila pepuntoning manah kula, sanadyan
dumugi ing hari Loka, mugi pinarengan tetep nyethi ing paduka Gusti.
Midhanget aturipun abdi makaten punika,
sanalika pengalihipun prameswari kados pinengan korining kabagyan ingkang
anggunturi kanugrahan tanpa upami. Saking lubering punggawa rena ngantos numusi
kuwunging wadana kadi kinaweng wangkawa. Pangandikanipun : “Sukur ta biyung
emban, yen mengkono antepmu. Saka wedharing aturmu iku, sanadyan sajroning
kasepen kang isi panandhang matumpa-tumpa iki, pangrasaku kaya isih pinayungan
dewaning kabagyan. Mung bae, sepira gedhening panarimaku, ayake muhung Hyang
jagadpratingkah kang ngawuningani.
Kempaling
kawula Gusti nyai Sugandini kalayan Kusuma Ratu Satyawati ingkang sampun golong
karsa manunggil tekad, kala semanten lajeng pating kremuk, receh
pangandikanipun sami ginem raos rungiding sastra tanpa tulis ingkang sami kasarira.
Careming raos pamoripun sang kridha. Kakalihipun kala semanten, candranipun
kadi sesotya ing emban. Bagaskara
gumlewang ing iring kilen wanci langsir surya kapara sepuluh, geder suwaraning
panggresahipun para prajurit ingkang kaplajeng saking palagan, sadaynipun sami
angluh karerantan sabab Senopatining para Barisan Kurawa Prabu Salaya sampun
kasambuting rena lena ing palagan. Miyarsagedering pawartos makaten punika,
sang prameswari boten gugup boten kaget. Kala semanten lajeng medhot klimah
anggenipun ginem raos kalayan nyai Sugandini. Pangandikanipun : “Biyung emban!
Aku kok lam-lamen kudu mulat wadanane Gustimu ingkang Sinuwun. Atiku nganti
cengklungen kaya ditinggal lelayaran kang ora kawruhan lawase. Ambok aku kok
terake nyusul ingkang Sinuwun ta biyung!
Aturipun
nyai Sugandini : Ambok inggih ta Gusti! Mangga ta lajeng budhal sak punika. Yen
kedangon mindhak selak ketebihan ledipun.
Sang
prameswari kusuma dewi Satyawati kadherekaken emban kinasih. Nyai Sugandini,
kala semanten lajeng bidhal saking pasanggrahan mawi nglimpekaken para cethi
parekan ingkang kathah-kathah . sang dewi ingkang sampun samapta ing gati,
mangagem nyamping limar, rasukan cemeng panjangipun dumugi jengku pinalisir ing
pita emas, ukel bokor mengkurep mawi oncen ronce sekar melati cunduk sekar
menur serta kados pangagemipun panganten putri ing pahargyan jangan maniran,
nanging boten ngagem pelikan bangsaning sotya retna. Namung lambungipun sang
nyai Sugandini ngampil pethen kajeng rasamala pinalipit ing kencana isi ganten
miwah jebat kasturi. Bidhalipun sang putri ing wanci lingsir sepuh, benteripun
ngiyeng-iyeng namung kanthi emban Sugandini. Mila lampahipun sang kekalih kala
semanten limrahipun lajeng binasakaken.
Bathang ucap-ucap.
Nanging tindakipun sang kekalih : boten ngucap boten segu tumbuh-tumbuh ingkang
kadriya. Sadhatengipun ing palagan. Ing palagan sampun boten mrangguli prajurit
gesang, ingkang wonten namung kunarpa pating glethak pating jlimpah
saenggen-enggen carup awor lan bathanging kuda dirada sami kacelep ing kentelan
ludira pinten-pinten pandeleng tebanipun, ewandene boten damel kandhegipun sang
lumaksana. Laju tindakipun dewi Setyawati, wiwit ngambah blabaring ludira
ingkang sampun garing dening bantering surya. Samargi-margi sang dewi tansah
nyampar tanganing prajurit taksih
nyepengi dedamel nanging sampun pisah saking baunipun. Saenggen-enggen pating
glundhung mustakanipun Satriya miwah Narendra ingkang rinengga jamang mas
topong kencana nanging sampun pisah saking gembungipun. Ing riku sang
prameswari wiwit magatosaken satungal tunggaling mustaka ing cipta enggala
pinaggih kunarpaning raka Nata mawantu-wantu dewi Satyawati maspaosaken
wedananing kunarpa raja pinten-pinten, nanging tansah kecuwan dereng pinanggih
ingkang den upaya. Saya menengah tindakipun sang prameswari boten tumoleh
sangsaying lampah, lemah kinipataken saenggen-enggen. Welahing lampah
nglajengaken ngambah samodra marus, sang prameswari Mandraka lajeng ngasta
teken putungan langkap miwah gondhelan baunipun nyai Sugandini, ewa dene boten
mantra-mantra kongas masgul renguning panggalih. Samargi-margi, sang prameswari
agung masposaken citraning kunarpaning para prajurit ingkang pating glethak
pating jlempah saenggen-enggen. Laju tindakipun sang prameswari, bagskara
sampun tunggang ancala ing iring pracima. Pra bagaskara sumirat abra markata
pratandha meh surup praditya, sang prameswari meksa dereng pikantuk titik, ing
pundi prenahe kang den upaya. Saking derenging karsa cawuh lan sangsayaning
lampah, sang putri wredha kusuma Ratu Satyawati ingkang santosa ing tekad
sampun geleng kadi mimis kencana, kala semanten temah wudhar kawi yos angluh
panggresahipun yayah pasambatipun dhudha kasmaran.
1. Dhuh jagad Dewabhathara
Dhuh Jawata adhuh Hyang Hotipati,
tinggalna solah ulun
kang kabiyatan dhuhkita
kapilayu ngulati layoning kakung
kang kasambut rananggana,
kalane ngadoni jurit
2. Sanadyan sampun palastra
Wonten pundi kunarpanipun nenggih
Gurulaki ngong sang Prabu
Narapati Mandraka
kula asra mangastuti pandanipun
mangka cihnanipun susetya
sumungkem ring gurulaki.
3. Garwanta kang kawlasarsa,
antenana bukur pangarib-arib,
punapi tepi delanggung,
suwarga pangrantunan,
datan dangu dasih paduka sumusul,
parikedah reruntungan,
sareng manjing suwarga
di”
Makanten angeluh pangrantesipun kusuma Ratu
Dewi Satyawati lebet dereng pikantuk titik anggenipun ngluru kunarpaning raka
Nata Prabu Salya. Kala samanten sampun kasaputing ratri, surya sampun nuksmeng
ancala. Sang prameswari temah kadheng tindakipun, asta kering anggung cepengan
baunipun nyai sugandini, suku kacep ing kenthelan ludira ngantos sangandhaping
suku jengku, ewadene boten rinaos.
Kandheging lampah
kandheling panggresah, sang prameswari boten mendha pangesthining cipta, saged
pinanggih kang den upaya. Salebetipun anjegreg samadya ning samodra marus
peteng lelimengan, sang dewi dahat nalangsa ing bathara tinedahna layoning
gurulaki. Sruning subarta kandhasing panalangsa, sang dewi timah pirsa
clereting kilat-thathit sesanderan, miyah gebyaring gurita abebarungan boten
antawis tebih saking prenahing jumenengipun. Tanggaping panggraita, dewi
Satyawati adreng kepengin wikan, punapa whanipun ingkang sanget rekaos, dewi
Setyawati miwah nyai Sugandini, sempoyongan sami murugi prenahing kitat.
Eloking lelampahan, muleging ganda banger abacin uwabing bosokan bangke pinten-pinten
carup ludira pindha samodra kasiliring samirna manda, saking sakedhik saya suda
temah malih dados wangi angambar-ambar. Lampahipun sang dewi kantun watawis
sarubuhing landeyan, ing riku wonten kunarpa raja sumang sang remukan rata,
jajaning kunarpa taksih kuthah ludira mrathandani dereng dangu anggenipun
nandhang brana. Nyarengi gebyaring kilat, sakplasan kongas cetha citraning
kunarpa ingkang gumlethak ing rata. Kagayat ing manah sumedhot, gapruk dewi
Satyawati dhawah kapidhara ngrungkepi padaning layon, boten enget purwa
duksina.
Nyai
Sugandini,ingkang lelabetanipun dhateng sang prameswari boten toleh lara pati
kala semanten sampun boten saged bebentu sangsayaning Gusti, sabab sampun
kapepetan budi boten wikan punapa ingkang kedah katindakaken. Ngantos kapara
dangu kempaling telu ngatunggal tanpa subawa tanpa mosik, tambuh-tambuh
sumandhaning raos. Amung gebyaring thathit ingkang leliweran miwah ganda arum
ingkang angel cinandra ing sastra, saya dangu saya ngranuhi, saking sakedhik
temah andayani sang kapidhara. Pungun-pungun wungu saking kapidhara, kusuma
ratu Satyawati puara enget gatining karsa nanging saya karencana duhkitaning
driya.
Saking awrating panandhang karantaning panggalih kusuma
dewi Satyawati, kala samanten yayah pegating panon rat.
Tempuking prang
Bhratayuda
ingkang lena wit
labuh sabaya pati
cinandhang swarga mulya
Kusuma Ratu Satyawati
ingkang dahat kogel anggenipun badhe nilar abdi kinasih, dupi pirsa aturipun
emban Sugandini makaten punika, mongkoging panggalih ipun prasasat ngasoraken
agenging wukir Himawan Pangraosipun sang putri kadi tampi wejangan ngengetaken
empaning bebundhelanipun ingkang meh kelimput kabayatan panandhang.
Mesem ing galih dyah
Satyawati, pana wenganing budaya ngesthi patitising tangguh kadi pepengetanipun
nyai Sugandini, lekasing subrata, prawira ngekes kridha ning panca driya
kinarya banter pangesthining cipta datan silih pangesthi, muhung pamoring Hyang
Murbeng kawekas Empaning subrata, datan kapalang kumaraning ratri ingkang
peteng ndhedhet lelimengan. Tyase dyah Setyawati malah padhang terawangan pana
pranawa marang sangya kang cipta. Kala samana sajatining Satyawati sampun
sarira tunggal kalayan purba wasesaning Hyang Murbeng kawekas. Asta gumlawat
ngunus patrem ingkang sumelip ing lambung, cepret tumancep andheman mahanani
pesating jitma saking raga sanalika dyah Satyawati palastra ngrungkepi
kunarpaning raka Nata minangka cihna langgenging kasetyan.
Emban Sugandini
ingkang sampun samapta ngayani kamukswan, miyarsa gumeburing Gustinipun, trangginas
ngunus patremipun, gereng tumancep andhemanipun piyambak. Boten kaping kalih
damel, nyai Sugandini ingkang setya ing Gusti, saampun telu-teluning atunggal
dados kunarpa sumangsang remukan rata samadyaning palagan Bharata yudha.
Prabawaning budi luhur pena ing prasadya legawaing
pati, pesating jitmanipun kusuma ratu dewi Satyawati miwah emban Sugandini
sampun sami ngoncati raga, pareng parmaning Hyang Murbeng kawekas, kawasa
mangreh isining suwargaloka. Para Wasu Pitri Maharsi isining suwarga ingkang
sampun asarira suksma tuwin para waranggana ingkang sami mirsani gotrahing
Bharat Yudha sarana lampah kadewatan, umyung sami medharaken sesanti mulya
miwah nawuraken sarining puspita. Saenggn-enggen ngambar arum andumpara
minangka pethukan jitmanipun sang Pralebdeng patrap.